RATIH DAN JAYA


RATIH DAN JAYA
Babak 1
Dino pertama kuliah bar libur semester genap. Halaman kampus kethok rame lan ribut, bocah-bocah anyar podho kumpul amarga arep upacara pembukaan OSPEK. Bocah-bocah anyar podho mulai kenalan karo nunggu upacara dimulai.
Ratih : Eh. . .aku Ratih. . . (nyalami  cewek kudungan neng jejere seng lagi meneng mergo ora ono kancane).
Sri : Aku Sri, kethoke aku wis tau weruh koe. . .neng endi yo?
Amba : Ehhh. . .Ratih ki emang terkenal, dheweke kan model neng majalah remaja “ALAY”. . .Oh yo aku Amba. . .kancane Ratih seng paling imut. . .(nyalami Sri, karo ngguyu sok imut).
Sri : (nyambut tangane Amba). . .Sri. . .oh yo. . .aku kelingan. . .ternyata luwih ayu mbangane neng foto. Uayuuune poooooooooooollll. . .
Amba : halahh. . .biasa wae kok. . .ayuan aku. . .(karo kipasan nggo kipas Hello kitty kesayangane)
Drupa : (lagi teko seko WC, bingung kok le podho ngobrol rodo heboh) eh ono opo iki. . .gosip anyar yoo??? Opo? Justien Bieber opo Smash opo aku !!!(omongane dipedhot karo Ratih)
Ratih : ehhh. . .malah nggosip. . .iki kenalke Sri, konco sekelase awake dewe.  .  .(karo nunjuk Sri).
Drupa : Ohh. . .aku Drupa. . .jeneng lengkape Drupadina.  .  .tapi aku yo ora ngerti ngopo kok wong tuwaku njenengi aku kuwi, nek jarene tanggaku seh ben aku ayu koyo Drupadi. . .tapi perasaan biasa wae deh. . .malah aku ngeroso elek, kulitku ireng ngene, irungku. . .(nggo seng keloro omongane Drupa dipedhot karo Ratih)
Ratih : Ealahh Drupa, , ,Drupa. . .koe ki ora berubah. . .padahal koe jenenge koyo Drupadi tapi ora anggunbabar blass. . .
Amba : Iyo kuwi. . .bener. . .
Sri mung ngguyu krungu omongane wong telu kuwi. . .
Sri : Aku seneng iso kenalan karo kowe kabeh, mbiyen pas SMA aku ora tau nduwe konco koyo kalian. . .
Amba : Maksude?
Drupa : Iyo. . .apathamaksude?
Sri : Aku yo ora ngerti, ket mbiyen aku ora tau nduwe konco, paling mergo aku wong ora nduwe.
Ratih : Ya Allah, ojo mikir koyo ngono, yo wis saiki nek dolan karo kita-kita wae. . .ok! (Ngorangkul Sri)
Amba : Bener. . .ngko tak ajaro dandan ben ayu. . . (melu ngrangkul Sri)
Drupa : Eh ngopo tho kok do rangkul-rangkulan. . .(rupo oon karo ora mudeng)
Amba, Ratih : Drupaaa. . .pliss dehh!! (Karo geleng-geleng heran)
Teng-teng-teng. . .upacara pembukaan OSPEK wis dimulai. . .




Babak 2
Neng halaman kampus bali kuliah. Ono Ratih, Sri, Amba, Drupa, lan konco-konco liyane.
Ratih : Sri, dino iki sido dolan neng ngomahmu yo. . .?
Sri : Yo, aku wis ngomong karo Masku kok. . .
(Tilulitt. . .hapene Sri muni. . )
Sri : Aku ndisik yo, tuh… Masku wis neng ngarep . . .
Jaya : Hey . . . kanca – kancane Sri yo? Aku Jaya Mase Sri …
Ratih, Amba, Drupa : Nggih Mas . . .
Amba : Waaah . . . Mase iki kuliah neng kene mbarang yo? Asyiik. . .AkuAmba Mas. . .
Jaya : Iyo, Aku kan kakak kelasmu, semester 8 matematika. Nek pas istirahat aku ngrewangi neng kantin, sekalian nitipake sego bungkusan sek digawe karo Sri. Makane Sri minderan ket SMA, soale wis yatim piatu.
Ratih : Ooh . . . Aku Ratih, Mas . . .
Drupa : Waaah Mase keren, kenalke aku Drupa Mas . . .
Jaya : Biasa wae. . . hehehe. . . Eh aku mulih sek yo? Ayo Sri !!
Sri : Ayoo. . . Aku ndisik yo Mba, Tih, Pa. . . tak tunggu nang omah yo? Assalamu’alaikum . . .
Ratih, Amba, Drupa :Wa’alaikumsalam . . .
Drupa : Lohh. .  .emang dhewe arep neng omahe Sri? Kapan le janjian?
Amba : Ya Allah Drupa. . .Drupa. . .makane otakke diasah. . .ben ora kethul. . .yo wis yuk, mulih sek, engko ketemu neng omahe Drupa jam 3, ben Drupa ora lali meneh.
(Konco-konco lanang wis podho mlaku mulih. . .)
Yudhis: Eh ndisik yoo kabeh. .
Ratih : yoo. . .ati-ati. . .
Drupa : Uhhhh, , ,gantenge, , ,
Amba : Ealahh, , ,yo wis yoo mulih. . .
Ratih, Drupa lan Amba mlaku mulih. . .
Dino kuwi Ratih, Amba, lan Drupa dolan neng ngomahe Sri nganthi bengi.

Babak 3
Neng njero kelas, istirahat keloro. Yudhis nyeraki Sri karo Ratih
Yudhis: Eh, Drupa lagi neng endi. . .? (karo clingak-clinguk nggoleki)
Ratih : Mau pamite neng kantin. . .hayooo. . .ngapa kowe takon-takon Drupa?
Yudhis: Titip iki yo. . .
Ratih : Apa iki. . .?
Yudhis: Hadiah valentine seko aku. . .aja dibukak sek yoo. . .awas nek do jail. . .
Ratih : Valentine wes kelewatan Yudhis . . . priwe to?
Yudhis : Iya ora opo-opo . . .wong duwe duite siki …hahahaaa
Amba : Wahhh mesti isine coklat, , ,kok aku ora ono sek ngenehi coklat, , ,pengen. . .
Ratih : Hahahaha. .mesakke. . .iki tak kei seko aku. . . (ngenehi coklat batangan merk ‘Terkenal’)
Amba : tenanan iki nggo aku?
(Ratih mek manthuk2. . .Amba ngekep Ratih. . .)

(Drupa lan Sri mlebu kelas. . .)
Drupa : Wahhh do ngapa iki? Skandal Jepit mesti. . . stock cowok neng ndonya isih akeh cahh. . .
Sri : Drupaa. . .hihihihi. . .
(Amba lan Ratih ngeculke kekepane. . .)
Ratih : Eh. . .kowe. . .dadi isin aku. . .Eh yo. . .iki nggo koe Pa. . .
Drupa : Oalahh. . .apa iki? Dudu BOM tha?
Ratih : Bukaken dhewe. . .
(Yudhis sek ket mau neng njero kelas ndelokke Drupa mbukak kadone. . .)
Drupa : Wah. . .coklatttt. . .(langsung dibukak lan dipangan). . .
Amba : lahh. . .kowe ora pengen ngerti sapa sek ngkei coklat iku. . .
Drupa : Wahh. . .sapa waelah. . .seng penting enak. . .(ora peduli karo sek ngenehi)
(Yudhis langsung  nyeraki Drupa. . .)
Yudhis: Drupa. . .kowe kejem tenan tha? Coklate kuwi seko aku. . .
(Drupa langsung mandeg le mangan coklat. . .)
Drupa : Yudhis. . .aku gelem dadi pacarmu. . .
Yudhis: Hah? Aku kan durung nembung?
Drupa : Lhoo !!!
Yudhis: Tapi tenan kowe gelem dadi pacarku. . .
Drupa : Lha piye tha. . .? aku bingung. . .tapi aku geleme dadi pacarmu. . .
Yudhis: Lha hayoo dadi pacarku, gelem tenan?
Drupa : Gelemmm. . .
Ratih, Amba, lan Sri: Tumben ora Lemott. . .hahahahahaha. . .

Babak 4
Neng omahe Sri, sore iku Sri karo Ratih janjian arep nggarap tugas bareng, tapi Amba lan Drupa ora teko.
Ratih : Eh Sri, bocah-bocah wis do sms tha?
Sri : Uwis, Amba kursus, nek Drupa pacaran, oh yo iki nggo sesuk kan. . .pelajarane Pak  Brata?
Dheweke do mulai nggarap tugas. Ngerti-ngerti Mas Jaya teka lan ngajari Sri karo Ratih, tapi Ratih malah dadi ora konsentrasi, ndelokke Mas Jaya terus. Sri ngerti nek Ratih ana rasa karo Mas Jaya, akhire Sri akting kebelet ben isa ninggal dheweke wong loro. . .
Sri : Adududududduuhhh wetengku. . .kebelet banget iki. . .sek yooo. . .neng WC. . .ora tahan. . .aduhhh. . .(Sri Kentut. . .prettt)
Jaya : Sri. . .saru. . .gek ndang neng WC. . .
(Karo nglirik neng arahe Ratih dan Mas Jaya, Sri akhire mlebu omah lan ngintip neng jendelo).
Ratih ngobrol-ngobrol karo Jaya, seko wektu kui, Ratih karo Jaya sering lunga bareng. . .Akhire bar bali seko nonton.
Jaya : Dek Ratih, aku arep ngomong karo kowe. . .
Ratih : Nggih Mas napa? (Ratih wis ngguya ngguyu).

Jaya : Iki nggo koe Dek. . .(ngekei mawar putih). . .kui perlambang cintaku nggo kowe. . .tresnaku sek saktenane, , ,nek kowe gelem dadi pendampingku, aku bakal seneng banget, tresnaku ora bakal kececer neng ngendi-ngendi meneh, mek nggo kowe Dek. . . (karo ndodok). Nek kowe nompo tresnaku, ambung mawar putih kuwi, tur nek ora, balekke maware nggo aku, tak nggo nembak cewek liya. . .
Ratih : ahh. . .Mase kok isih isa guyon sih. . .aku deg-degan Mas. . .
Jaya : Piye Dek. . .gek dijawab. . .selak ora kuat jantungku karo sikilku ndodok terus. . .
(Ratih ngambung kembang mawar putihe. . ,terus langsung wahing. . .)
Ratih : Hatchiiii. . .
Jaya : Alhamdulilahhh. . .
Ratih : Niku alhamdulilah ngge napa Mas? Le kulo wahing napa le tak tampa. . .
Jaya : loro-lorone. . . (Arep ngekep Ratih)
Ratih : Ehh. . .stop Mas. . .dereng angsal. . .
Jaya : Oh yoo. . .sorry. . .aku bungah banget kowe gelem karo aku. . .aku kan kere, kowe kan anake pejabat, foto model meneh. . .Oh yo apa isa awake dewe disetujuni karo wong tuwamu?
Ratih : tenang mawon Mas, mugi-mugi saged ditampi. Tapi sakniki Bapak tesih sakit Jantung.

Babak 5
Ratih ngejak Jaya neng ngomahe sek gedongan. . .neng kono wis ana Drupa, Sri, karo Amba. . .
Amba : huhhh. . .nyebeli. . .mosok Mas Ganteng senenge karo kowe sih Tih, , ,aku njuk karo sopo. .
Sri : Tenang wae Mba, nek wis wektune mesti ana. . .
Amba : Kenapa wong ayu kaya aku ora payu. . .ya Allah. . . (ekspresi sinetron) ampuni dosa-dosaku. . .
(Drupa lagi nguthek-uthek HP. . .)
Drupa : Aduhhh. . .ayang Udhis kok ora teka-teka sih. . .uuh BT. . .
(Kabeh langsung do ndelokke Drupa sambi geleng-geleng. . .)
Jaya : Ayo Dek, ndelok Bapakmu, , ,
Ratih : Nggo Mas. . .yo wis do ngenteni kene sek yo. . .
Sakwise tekan kamare Bapake. Ono Ibuke Ratih neng njero kamar.
Ratih : Bapak,Ibu, niki enten sek badhe kenalan.
(Ibu lan Bapake mesem karo Jaya. . .)
Bapak : Sopo nduk. . .
Jaya : Kulo Jaya Pak. . .
Bapak : Jaya sapa?
Jaya : Kula pacare Ratih. . .
Bapak : Wong tuwamu kerja apa le?
Jaya : Kula yatim piatu Pak. . .kula kerja ndamel nasi bungkus.
Bapak : Apa? (penyakit jantunge kambuh)
Ratih, Ibu: Bapak. . . Bapak. . .( Ratih lan Ibuke panik )
(Ratih cepet-cepet telfon dokter. . )

( Dokter metu seko kamar )
Ibu : Pripun dok?
Dokter : (mesem) Alhamdulillah Bapak mboten napa-napa Bu. Sakniki pun saged diprisani.
Ibu, Jaya, lan Ratih : Alhamdulilah . .
Ibu :.Matur nuwun nggih Bu …
Dokter : Nggih Bu sami-sami……niku sampun tugasipun kula…. Kula tinggal riyin
nggih. . .  
( Dokter lunga, Ibu ,Jaya lan Ratih manggut-manggut ).
Sawie Bapake Ratih mari, Bapake nitipake surat nggo Jaya marang Ratih.

Babak 6
Neng ngarep omahe Ratih, Jaya nunggu Ratih. Ratih metu seko omah diseret-seret karo Bapake.
Ratih : Pak.. ..kula badhe nderek Mas Jaya.
Bapak : Ora entuk, kuwi syarat nggo Jaya.
Ratih : Bapak kula tresno tenan kaleh Jaya. . .nyuwun ngapunten Pak. (Ratih mlayu)
Bapak : Ratih. . . .Ratih. . .
Jaya karo Ratih mlayu. . .dheweke do munggah Gunung Sindokaro nggolek edelweis putih, ungu, lan kuning.
Telung dino dheweke ora bali-bali, nganti Bapak Ibuke Ratih wedi. Akhire ngekon anak buahe nggo nggolek Ratih. Tembe wae anak buahe arep lungo, ngerti-ngerti Jaya karo Ratih wis tekan ngomah. . .
Ratih : Ibuuu. . .
Ibu : (ngekep Ratih) kowe nekad tenan nduk. . .Bapak. . .Bapak. . .Ratih wis muleh.
(Bapake Ratih mlayu-mlayu metu seko omah. . .)
Bapak : Alhamdulilah, , ,
Ratih : Pak niki edelweisipun.
Bapak : Bapak ora peduli meneh karo edelweis kuwi, aku ming peduli karo kowe nduk. . .
Drupa, Sri, Amba, lan Yudhis teko neng omahe Ratih.
Sri : Alhamdulilah Mas mpun kondur.
Jaya : Iya, , ,Pak, nyuwun ngapunten, Ratih wingi meksa nderek kula.
Bapak : Wis. . .orapopo, aku ngerti kowe padha padha saling tresna. Aku wis ora bisa nglarang meneh. Aku yo wegah anakku cilaka meneh kaya wingi.
Ratih, Jaya: Matur nuwun Pak . . .(Jaya nyalami Bapake Ratih. . .)

Akhire kabeh sek neng kono ngguyu seneng. Wong tuwane Ratih akhire ngretuni hubungane Ratih karo Jaya amarga kegigihan lan kerja kerase Jaya.

Nah kanca-kanca saka crita kuwi kita saged nerima pelajaran yen kegigihan lankerja keras saged mbeto kita marang kebahagiaan. Lan Aja nile wong soko kesugihane, tapi nile soko watak lan tingkah lakune.
The End. . .

PesanMoral :
  • kegigihan lan kerja keras saged mbeto kita marang kebahagiaan.
  • Aja nile wong soko kesugihane, tapi nile soko watak lan tingkah lakune.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kota Kecil

Tanpa Nama